Wayang


     Wayang mujudake seni pagelaran (tontonan) asli indonesia kang banget ngrembake ing pula Jawa lan Bali pagelaran iki uga kondhang ing sawatara wewengkon, kayata ing sumatera lan semenanjung malaya, kang uga duweni sawatara budaya wayang kang kena pangaribawane kebudayaan Jawa lan Hindu.
    Wayang ingaranan uga seni pagelaran wujud drama kang khas seni pagelaran, wayang iki nyakup seni suara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni rupa lan liyan-liyane ana sing duweni panemu yen pagelaran wayang dudu mung saderma kesenian, nanging ngemu lambang-lambang kangkramat.
   Wayang minangka gambaran alam pikirane wong jawa kangdualistik ana babagan loro pihak utawa klompok kang padha dene geseh, yaiku becik lan elek, lair lan batin, sarta alus lan kasar, kelorone nyawiji ing anggane manungsa ndhapuk keseimbangan wayang uga minangka sarana kanggo ngendaleni social, upamane kanthi kritik social kang disampekake liwat humor.
     Fungsi liyane, wayang minangka sarana pengukuhan status sosial krana kang bisa nanggap wayang yaiku wong kang duweni kalungguhan lan mampu nyedhiake beeya gedhe.

 MACAM-MACAM WAYANG
1. Wayang Purwa
        Purwa ategese kang kapisan, mula saka iku lakon wayang purwa nggambarake kisah bab kitab mahabarata kanthi inti cerita perang '' Barata Yuda " ( Perange sedulur-sedulur keturunane Berata ), yaiku antarane kulawarga pandhawa lan astina seperlu ngerebutake krajan amartapura kang wusunane dimenengake dening kulawarga pandhawa.
2. Wayang Madya 
            Wayang zaman tengah iki mujudake asli kreativitase Raja mangkunegara IV, Surakarti isi ceritane wujud bacute cerita wayang purwa, cerita wayang iki wiwitane awujud lukisan kang digawe saka godhong lontar dening Prabu Jaya Baya, Raja kediri banjur ing jaman krajan Majapait sampai demak dumadi owang-owahan wujud wayang saka pahatan.
3. Wayang Gedog
            Gedog ategese kedok utawa topeng wayang gedog rinipta dening salah sijine wali sanga, yaiku sunan giri ceritane wayang iki wujud bacute cerita wayang madya, yaiku nggambarake krajan jenggala nganti krajan pajajaran.
4. Wayang Krucil / Kutuk
            Krucil ategese cilik-cilik, dene klitik ategese atos ( keras ), wayang krucil wujude cilik-cilik digawe saka bahan kayu, cacahe 70 ceritane nggambarake sejarah krajan pajajaran nganti majapait.
5. Wayang Golek
             Wayang golek akeh tinemu ing cepu lan Bojonegoro digawe saka bahan kayu cacake udakara 70 ceritane ngambarake riwayat menak kang gegayutan karo negri Arab lan Persia ing zaman awal islam, wayang golek uga tinemu ing Jawa Barat.
6. Wayang Perjuwangan / Wayang Suluh
            Wayang iki sinebut uga wayang sandiwara cerita wayang iki wujud kebecikan lan kaelekan kang nggambarake kawengisane kolonalis wajanda sasuwane 350 Tahun njajah indonesia, penjajahan jepang sasuwene 3,5 Taun nganti zaman kamardikan.
7. Wayang Topeng
           Para paraga wayang iki kateh minggunakake topeng ing pasurian utawa wadanane
8. Wayang Wong
            Wayang iki wis kondhang wiwit mangkunegoro IV surakarta isi ceritane kaya wayang purwa paraga-paragane diperanake dening pawongan
9. Wayang Beber
           Wayang iki diciptakake ing jaman Majapahit minangka asli pangrembakane relief-relief kang tinemu ing canti penataran wayang beber terdiri dari adegan-adegan kang dilukis ing kain alus. 

Share this article :
+
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "Wayang"

Terima Kasih Sudah Berkomentar
 
Copyright © 2014 Sefdaeniyo - All Rights Reserved
Template By. Kunci Dunia
Back To Top